Selasa, 14 Januari 2014

Geguritanku



1.       

Isin ati iki
Pas sliramu mandeng rupaku
apa iki kang diarani tresna
tresna marang sliramu
tresna tindak tandukmu
tresna rupa ayumu

Duh Gusti, tulung sampekna
layang tresna iki marang kakasih atiku
lupaya deknen ngerti
sepiro akehe rasa tresnaku
supaya ati iki lega
lan deknen ngrti
agunge tresna iki







2.       

Wengi iki,
Rikala udan deres kaya disuntek saka langit
Aku kelingan pawongan
Kang tau ngisi jroning atiku

Ora dak rasa aku wis ora tau ketemu sliramu
Ora tau mandeng awakmu sanajan saka kadohan
Ora tau ngelus rambutmu maneh
Wis rong taun iki

Aku kangen,
Kangen karo kabeh tindak tandukmu
Kang tansah dakeling ing atiku
Ora mung dhek wingi, lan saiki
Nanging kanggo salawase










3.       

Wengi kang endah
Sliramu ana ing sandhingku
Ngisi kosonge atiku
Lan ngomong tresna marang aku

Ora tau aku ragu
Mbeng tok koe nang atiku siji
Ora tau aku ragu
Crita tresna iki

Ohh lintang-lintang gawanen aku mabur dhuwur
Bareng sliramu, amarga koe sing tak tresnani
Lintang-lintang kabulke kekarepanku


















4.       

Aku marak
supaya cedhak
aku mendhak
supaya mundhak
aku nubyak
supaya kebak
awit aku durung pepak
isih kurang satak
sing penting ora nerak
aturan lan sakabehing cagak
kaya kewan sing cluthak
Oalah Mak,
Dongakna ya Mak....


















5.       

Ing pucuking fajar
sang surya sumunarake cahyo
ing tepining sekar melati
rasane sansaya ora percaya
pas cahyomu mencorong
ing carang carang garing wit-witan
kang ora mung semu
nanging katon cetha
agawe sekar melati putih
lan cahyaning fajar bungah ing ati
ora mung kanggo esuk iki
nanging kanggo salawase














6.       
Gek wingi sliramu teko akune bingong
Dhewe lagi kenalan lagi seminggu wae
Gek wingi sliramu teko menehi kembang
Dhewe lagi kenalan mbong tok lagi seminggu

Ojo ngenti yen rabiso ngenteni
Kanggo entok jawabane
Amarga ati iki ra biso dipekso
Tresna butuhke wektu kanggo biso ngerasaake
Tresna mbutuhke wektu yen pancen kerasa tresna













7.       
Cerito iki wis ora podo
Meski atimu mesti nang kene
Menehi rasa kang endah
Wektu kang wis dilewatke
Gawe aku dadi ngrasa penting
Sliramu siji kang tak goleki
Bareng aku ngrasaake atiku
Bareng aku....

Lan aku yo dudu aku
Tanpa sliramu  kanggo nyikep aku
Koe ngelengkapiku
 koe nyempurnaake aku

Lan sliramu yo dudu aku
Tanpa sliramu ing sisiku
Koe nenangake aku
Koe ngelegakna aku









8.       


Urip ing ndonya iki
mbutuhake perjuangan kanthi rekasa
amarga urip nang donya iki yo meng sepisan
dadi kudu dilewati kanthi sakapik apike

urip ing donya iki ora keno gengsi
tektukna kanthi dhuwur gegayuhanmu
yo supaya bisa kedadiyan
rasakna kabeh lan candhak impianmu
seneng lan susah kudu dilewati
amarga,
urip iki diwiwiti saka ngimpi
















9.       

Aku iki dudu sliramu
Kowe iki dudu aku
Yen pancen kowe dudu aku
Ojo melu-melu aku
Ojo podok-podokake aku marang sliramu

Yen kowe iki dudu aku
Ojo podok-podokake aku marang sliramu
Aku iki ya aku
Kowe iku yo kowe
Dadi kowe karo aku
Ora podo
Ora biso digatokna lan ora bakal biso gatok
















10.

Atiku ngomong pengen nyatakake tresna
Tapi aku isin kanggo miwitane
Pas cedak sliramu
Aku dadi salah tingkah lan jantung deg-degan

Sabebenere aku pengen ngutaraake rasa
Tapi nangopo mesti aku ora biso
Piye carane ben sliramu biso ngerti la yen aku
Tresna, tresna, tresna
Tresna marang sliramu
















11.

Ono ngendi sliramu nang endi
Nang kene ora
Ono ngendikowe nangendi
Nang kene duduk

Jarene lungo sedelok
Jebule suwi
Opo koe ngrti aku dhewekwn
Ngenteni sliramu

Ojo lungo-lungo maneh
Aku ora gelem dhewe
Kancani aku nggo sedolok wae
Yo ben aku ora ngrasa sepi

Ojo lungo-lungo terus
Aku ora gelem kowe goroh
Kancani aku
Kanggo sedolok wae
Yo ben aku ben ora ngerasa sepi










12.


Ana akeh care gawe nyataake tresna
Mungkin sliramu yaiku salah sijine
Nanging koe teko ing wektu kang ora pas
Tresna iki wis ono sing duwe

Iki wis wektune kudu tak pungkasi
Sakdurunge tresna mu tansaya jeru
Ngapurane atiku yen milih setia
Apa maneh  aku ngerti tresnamu
Luwih gedhe saka liyane

Wis Pingsweu logikamku kanggo nolak
Nanging aku ora biso ngapusi ati iki
La yen panceb aku iki isih dhewekan mesti aku
Meh milih yo meh milih meh milih kowe
Nanginh amit aku ora biso milih sliramu

Maakan aku ora biso bareng koe
Jalaran aku wis ono kang nresnani








13.
SEPI

iki sepine sopo?
kathik ono sepi sepo....

langit peteng kagubeng dening mendung....
tanpa angin tanpa wicara...
tanpa lagon tanpa gending...

yen sliramu isih rumongso tresno
gunemu bakal dak anti...
nadyan getir rasaning ati....

sepi....
iki sepine sopo
kathik ono sepi sepo...

















14.

Ing dino ketelu
pungkasaning candra jroning Masehi
ora kaya padatan nyenyet, sidhem
surem tanpa cahya
atiku kelara-lara.













15.

Akeh wong wadon padha lungguh
mangku bocah ing wedhinan rusuh
 ana bocah kang ciblon ing pinggir pantai
dolanan ombak kanthi rasa bungah
uga ana wong lanang padha mancing iwak
karo kemulan sarung kotak-kotak
ora keri karo udut klempas-klempus
bareng ngenteni pancingane
ana prau sing katon wis tuwa
di gencangtambang ing dermaga
jaringe repet gandane amis teri

pancen endah pantai iki
bisa gawe nentremake ati











16.

Ayu Rupamu kaya rembulan ing wengi
Awakmu kaya gitar spanyol
Kulitmu putih resik kaya salju ing kutub
Drijimu mucuk eri
Rambutmu mencorong kaya lintang
Dhuh Gusti,
Bener-bener sampurna
Ciptaanmu kuwi













17.

Wengi iki
Rembulan sumunar madhangi latar
Lintang pating gelebyar disawang endah
Walang jangkrik sesautam
Angin wengi tansah gawe
Rame papringan

Sansaya endah wengi iki
Nanging ati iki bingung
Tumlawung ora karuwan
Dhuh gusti..... tatagna ati iki

Perawan ayu
Atimu ana ngendi
Sliramu kang dak tresnani
Awan wengi dak anti
Tega mblenjani janji

Kagem sliramu mung siji panyuwunku
Enggala eling lan bali






18.

Ayo padha ngudi laku utama
Ngayahi pakaryan agung
Mbudidaya becik ing pribadi
Ayo ngelis sigra mbangun
Lambuh nusa bangsa

Najan abot urip iki
Akeh krikil lan watu ngalang-ngalangi dalan
Serik tangis lan rasa kuciwa dadi
Pepalange laku …….
Aja dumeh lan aja keduwung

19.

Nyawang bumiku katon
Kalbu rasane trenyuh
Pemudhane makarya ala
Bagaskara kang ancase nyunari
Cahyane sangsaya angkuh
Amarga para putra kang ala
Mbangkang pituture wong tuwa

Sira padha nandhang sungkawa
Nalika wong kang padha ora nduwe ati
Ngrusak bumi pertiwi
Lan padha jejogedan
Daton nganggo budi pekerti
Aduh Gusti

Apa iki pratandha bakal bubrah bumiku
Para pemudha kang dadi penerusing bangsa
Tanpa handarbeni gegayuhan
Pasindone padha nguciwani
Nalika ulangan padha turunan











20.
Sekolahku




Sekolahku…
Rupamu saiki duduk sekolah maneh
Nanging kowe saiki arupa panggonan kang rusuh
Kelas, pekarangan, pada karo kandange petek

                                Sekolahku…
                                Keadaanmu mulai bien ora berubah-berubah
                                Sampa-sampah sing kleleran tetep ora bisa di berantas
                                Kapan keadaanmu iso berubah…nasib…nasib…

Saiki sopo sing bisa di salahake…??
Tukang nyapu-nyapu wis di kerjo professional banget
Clotehan guru wis bekbanget ditokno
Lek ngno murid-e sing salah, ora bisa taat marang aturan

                                Jadwal wis digawekno lan ditempel ndek kelas
                                Kanggo murid supaya ngelasanakno tugas piket_e
                                Ora kanggo pajangan para cecek sing mrambat ndek tembok
                                Amarga iku laksanakno tugase dewe-dewe

Arepan sekolah,Arepan ku pisan
Resik, Enak kanggo belajar…
Murid-murid akeh sing berprestasi…
Kabeh iku arep-arepane sekolah
 
                                Resik sekolahku
                                Enak belajarku
                                Konsen belajarku
                                Podo moro prestasine.





21.
Janjimu palsu


rikala iki
rikala aku mbutuhke sliramu
rikala aku pengen crita
rikala aku nangis

ora ono sliramu
ora tau ana sliramu
ora tau peduli

Apa artine aku kanggomu?
Apa artine hubungan dhewe
bisaa sliramu eling pas dhewe ketemu pisanan
janji janji kang wis tau sliramu omongna

Omong kosong!!!!
nganti saiki
ora tau aku ngrasa bungah
ora tau aku ngrasa ditresnani

aku sengit kabeh ngenani sliramu
aku sengit pas sepisanan dhewe ketemu
aku sengit wis nresnani sliramu
aku sengit marang kabeh janji-janjimu
aku sengit sliramu

Aku kepengen sliramu sing biyen









22.
Angin banter ora ngenani maneh
 Kain kang lecek wis ora obah maneh
Kang wis ora nggetarake pas dikibarke
Mbeng tok dadi isining cagak pring kang kosong

Abange wis ora mbranag wani
Putihe wis ora nyejukake bumi
Mbeng tok kain lusuh kang ora dikumbah
Mbeng tok cagak pring kang gapuk lan idhum

Ono ngendi rasa kuwi saiki
Ono ngendi kekuatane kuwi saiki
Mbeng gari caci regenerasi
Mbeng tok gari hujat kanggo negeri... nasibmu kang dhuwur mbiyen
Deritamu kang lancip mbiyen
Sedihmu kang kekum getih mbiyen
Saiki mbeng tok dongeng kang ora biso krungu maneh








23.
ing petenge wengi iki
Ing sajroning petenging wengi iki
Kayane aku ora mampu kanggo ndelok
Sepira endahe m esemu ing parasmu
Ora biso ngrasaake sepiro aluse belaianmu
 
aku mbeng tok biso mandhengi sliramu saka kadohan
Mbeng tok biso ngrasaake angin kang ana ing awakku
Aku bukane ora nresnani sliramu
Aku mbeng ora biso ngungkapake isining atiku

ben wae tresna iki tak simpen dadi kenangan endahku
Anggowo crita iki ngnti dina tua ku
Ngeleng-eleng kabeh kang ono ingkowe pas aku kangen sliramu

Mungkin wektu ora tau biso ingzinake
Kanggo aku ngungkapake kabeh iki marang sliramu
Amarga sliramu wanita paling endahku








24.



Wulan,  cahyamu sumunar padhang
Kaya lampu ing wayahwengi
Koe madhangi  wengi karo cahyamu
Kang padhang njimbrang

wulan, wernamu cerah banget
Nganthi ora ono kang mampu nandingi
Aku pengen takon, sapa panganggitmu

Wulan, saiki aku ngerti sliramu anugrah sing kuasa
Ku pengen mabur dhuwur bareng sliramu
Lan meh tak gowo bali sliramu
Kanggo madhangi turuku ing wengi kang peteng





25.

BUMI KITA SEDOYO

wengi iki aku dewekan ndeleng ana  langit
ku ndelok lintang-lintang sumunar ing kana kaya hiasan ndonya
wulan sabit kang endah dadi kancaku ing wengi iki
jangkrik kang ngganggu saiki kaya unine lelagon

ing sajroning ayalanku aku mbayangake
yen kabeh iki ora tau tak nikmati maneh
ing ayalanlu aku mbayangake
kahuripan iki ora bakal ono maneh

wahai manungsa kang nduweni akal
ana ngendi maneh sira meh manggon
lha yen sira terus nyugihake diri saka tambang
yen sira terus ngethoki wit-witan

Bumi saiki nangis
bumi saiki duka
bumi saiki mulai gapuk
bumi saiki wis ora kaya jutaan tahun kepungkur sakdurunge manungsa modern tumeka

wahai para batir wahai para kanca
padha sadaro sadar sira isih nduweni generasi
wahai para kanca
tresnani bumi mu sayangi anak putumu









26.

BAPAK kaliyan IBU

panjenengan inggih menika pangonan kula nyurahake ati
panjenengan ajararken kula kahanan urip
sakniki kula sampun mangertos artosipun saking kasih tresna bapak lan ibu
ingkang mboten nate ngarapaken walesan

panjenenganipun pahlawan ati
ingkang ngaturaken tanpa pamrih
nyambut damel siyang lan ndalu kagem kula
ingkang kadang mboten nate matur nuwun

oh.. Bapak kaliyan Ibu kula nyuwun pangapunten
kula janji badhe nyenengaken panjenengan
lan kula janji badhe nresnani panjenengan
lan ugi mesti onten kagem panjenengan















27.



Kasih sayangmu
Ngelus awak iki ing wayah wengi
Nalika mripat tan bisa melek
Dhigandheng marang endahing mimpi
Sliramu, aku reti yen sliramu
Nyawang aku ing sawijining papan
Kang ora bisa dak parani
Kanggo nglipur tyas iki
            Kasih sayangmu
            Ora bisa sumunar
            Awakmu, ninggalake aku
            Ing wayah rina
Rasane pengen nangis
Perih
Sliramu kang tansah nglelipur awak iki
Tanpa reti yen sliramu uga kang ngrajang ati
Kapan, Gusti
Bisa dak gayuh tresna kang abadi















28.

lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan




















29.

pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut






































30.

Aku ngelangkahake,
Sikilku ing hamparan wedhi putih
Ngenteni riak ombak ing pasir
Nelesi pucuking sikilku

Ombak ngulung-nggulung
Nerjang watu-watuan ing karang
Manuk-manuk camar pada mabur
Dolanan ing pucuk layar

Godhong klapa katon ngawe-awe
Angin semilir mbisik ing kupingku
Sumringah atiku
Seneng-seneng ing pantai




31.
Sekolahan ku,
Ing kono aku nggolek ngilmu
Ing kono aku entok kanca akeh

Sekolahan ku
Ono kono aku bisa sinau lan dolanan
Ono kono aku entok kanca kang bener
Uga ana kang usil lan nakal

Sekolahan ku
Ana kono aku bisa ngguyu
Lan kadang uga bisa nangis



32.
Saka mu aku nemoake artine kekancanan
Sliramu teka ngancani dian-dina ku
Rikala duka lan seneng
Nglakoni dina bebarengan

Elinga rikala kae kanca
Aku guyonan bareng kowe
Nanging apa bisa dewe bareng-bareng terus
Kekancanan rikala bareng sliramu
Apak mesti taksimpen ing benakku
Nanging saiki aku lan koe dipisahhake dening wektu

Janni kang dewe ucapake ing jaman ndisek
Meh terus tak eling ing elinganku
Elinga kancaku, aku mesti ngen-ngeniki
Babagan kabeh bebarengan iku
Yen koe ngerti kancaku kekarepanku kanggo tetep bareng koe
Nanging kabeh wis dadi kenangan kang endah kanggoku kanca






33.

yen rasa tresna teka ing ati, yowes ben ngalir kaya banyu
ora usah maneh siksa kuwi ndera, ora usah!
Ora ana lara,  demi sira kang pantes seneng!
Ora ana lara,
kaya dongaku marang Gusti















34.

aku ngerti yen aku salah
aku ngerti yen aku ngloroni atimu
nanging dudu maksudku ngono kuwi kanca
tembung-tembung amit mesthi aku utaraake kanggo sira
tapi piye maneh
ora ono gunane kabeh mau ing benakmu
aku ora kepngen kekancanan iki rusak
aku pengen dhewe tetep bebarengan
aku njaluk ngapura kanca
aku nresnani koe kabeh
aku ora biso opo-opo tanpa sira
aku ora biso ngdheg jejeg tanpa sliramu
mbeng tok tembung-tembung ngapura kang biso aku utarakna
mbeng tok tembung-tembung ngapura kang bisa takwehake
aku rela aku wenehke jiwa lan raga ku kanggo sira kabeh
Demi kekancanan iki aku rela ngorbanake mbeng tok demi sliramu kabeh






35.

Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi
Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan
Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat








36.

Taktunggu tekamu
Saben dina ing omahku
Kabar kang daktunggu
Saka awakmu
Nambahi wawasanku
Mosak-masike donya
Maju mundure negara
Minangka warta
Koran minangka alat komunikasi
Kang kudu diwerdi
Mula ora ketinggalan informasi



37.

Hawa sejuk nentremke ati ing sore iki
Manuk emprit pating cruwit karo mangani pari
Ing sawah mburi omahku
Sempet gawe pegel kang nduweni sawah
Amarga sabendino kudu nunggini sawahe kang wis meh dipaneni
Supaya among tani padha ora rugi
amarga parine padha di pangani manuk emprit
Wong kang tunggu padha nggusahi manuke kanti suara
Syayo syayo syahh... kanthi seru nganthi saka njero omahku padha krungu

Bocah-bocah cilik padha pit-pitan ing dalan gedhe
Kanthi wira wira kanggo luru sore
Supaya cepet wengi lan padha bali
Lan nuli sinau amarga ngesok ana tes semesteran

Ing desaku uga ana perkebunan cengkih kang ombo
Ombo banget kanthi ketoro ngubengi omahku
Perkebunan kuwi dadi salah sijine pakaryan ing desaku
Saliyane padha tetanen
Ing perkebunan cengkih kuwi wong-wong biso kerjo
Kaya-kaya petik, luru godhong kliyang,mitili cengkih
Lan liya-liyane
Warna-werna pokoke ing desaku kang tak tresnani
Desaku  pancen asri
38.


Binareng kembeng-kembeng waspa ing mripat

Dak sawang urubing dahana tansah mbulat
Ngupaya nylamur pangeling-eling ngegla ing dada
Sarimbit karo sliramu kang saiki datan ana

Saiki aku amung ijen dhewe tanpa kanca

Ing satengahe urip  kang sepi nalangsa
Dhewekan, tanpa sliramu ing sisihku
Dhuh, larane rasa atiku
Aku mbok tinggal lunga
Panangisku ijen jroning sungkawa

Saptasa dina aku isih brangti

Ing sawalike lawang kamarku sepi
Kelingan prastawa endah tansah sesandingan sliramu
Lelakon kawuri bebarengan karo aku
Arep daksimpen jroning kalbu
Kekasih sutresnaku

Pocapan pepisahan kumecap ing lathiku

Muga-muga ngirid langkahmu ing papan katuju











39.
Mangkono anggonku maca,sanadyan tan sinerat;
angejawantah ing pasuryan sewu suka,sakwuse ngluwari mayuta kapang
Mangkono anggonku maca,sanadyan tan sinerat;
sumunar netra,kalebur ngelak,sakwuse ketemu saking pinisah
Sakmono dawane wektu,kowe lan aku ngasorake kanthi rasa tresno
Mangkono anggonku maca,sanadyan tan sinerat;

kowe lan aku wis jumeneng pribadi,

nalika wektu iki pinanggih,sedhela alelana aning dunyaning para mudha















40.


Tumeka dalan kang peteng kebak sandungan
Mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
Bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
Manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sor
Peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

Wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
Pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
Kanggo kita sami jalma manungsa
Kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
Mara gage kita sami tumenga ing angkasa
Mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
Kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
Mmangestu nampi pepadhang





















41.
Ngger anakkuaku tak kandha
Coba dirungu la dirasa
Delengen sega kenduri iki
Biyen dadi pangan kang aji
Nalika bapak isih cilik
Sega iki tanah dirayah
marga jaman emana larang upa
ora saben dina muluk sega

Beda karo saiki
Sega kenduri ra diajeni
Mangka sega iki mberkahi
Diwenehke kanthi ikhlasing ati
Mula ya ngger. . . .
Sega iki aja dingo dolanan
yen pacen gelem ayo dipangan
Dene yen gemang pasrahna liyan
Kareben sega iki kepangan



























42.


Udan ing wengi iki
krasa deres lan nrenyes
adheme hawa wengi iki
bisa nentremake ati kang lagi susah
ati kang lagi kelara-lara
atiki kang lagi sedih amarga putus

Derese udan wengi iki
Ngelengake aku marang kasih
Kasih kang wis ninggalna aku
Lan ora bakal bisa dibaleni




























43.

Rasa iki,
Wis tak rasakna
Nanging,
Aku ra biso ngomong kang sak benerere

Sakbenere aku pengen nyataake rasa
Rasa kang wis tak pendhem sui nang ati iki
Pengen tak ungkapna
Marang wong wadon kang tak tresnani

Ya Allah gusti,,,
Kabule pangajabku iki
Supaya bisa sesandhingan marang sing tak tresnani
Wong wadon ayu kang banget tak tresnani






























44.

Ono ngendi sliramu nengendi
Aku kudu nggoleki nangendi
Ono ngendi sliramu nangendi
Kekasih kang tak tresnani lunga mboh nang ngendi

Isuk lan wengi aku nggoleki
Nanging sing tak temoni dudu dheweke
Dheweke lali marang janji-janjine
Kang ora bakal ninggalna tresna iki
Tapi apa kang diwenehi,
 dusta kang ngedap-edapi































45.

Ing jaman iki
Korupsi Tansaya akeh ono ngendi-endi
Perkara korupsi wis dianggep biasa
Dhuwit korupsi
Dianggepe rejeki
Hasil nyolong
Dianggepe prestasi


Perkoro dosa wis dianggep biasa
Kanggo para koruptor
Opo maneh korupsi ngerugekake negara
Uga tansah agawe nelangsa rakyat


Para pejabat urip foya-foya
Wong kang mlarat tambah mlarat
Wong kang sugih tabah sugih
Dhuh,, Gusti sadarna manungsa
Ing negeriku iki























46.

Aku pancen dudu dwija jawa, nanging
aja kok anggep aku wuta sastra
awit ora nate maca
aja kok anggep aku bisu
awit ora nate nyuwaraake isen isenne kalbu
aku uga manungsa jawa
sing isih mangerteni subasita dalah tata krama
iseh netepi anggeranggere agama

Nanging aku uga manungsa
kang kadang kolo
muta,
mbisu,
marang samubarang kang
dianggep saru,
awit apa?
awit aku uga patrape manungsa
kang kebak nepsu

Dak akoni aku pancen dudu wong suci
ning aku dudu patrape
preman kang anganggo jubah kyai
kang sok marahi ngaji nanging
malah dadi buronane polisi
aku uga dudu begal kang macak nganggo dhasi
kanggo nguras laci-laci
ngiseni kanthong kanthong pribadi
supaya wetenge malih gedhi
dudu
aku dudu wong suci
nanging aku isih nduwe akal lan budi












47


Kakang,..............
Yen ing kutha wis lingsir wengi
Delengen ta kakang
Sing padha turu gumlethak neng tritis
Wengi iki dheweke turu kepati
Kinemul mendhung kinancan ratri
O, kakang..........penggalihen
Yen wengi saya tintrim
Kekes, adhem, cumlekit dadi siji
Banjur ...................subuh
Kang padha turu kepati......krungu
Ambal-ambalan bedhug tinabuh
Wengine wis dadi esuk
Srengengene jumedhul
Aweh esem sandhuwuring gumuk
Bedhug bali keprungu maneh tengah rina
Badan sapata.................wis adoh gumregah
Pangan........
Njur sambat.......nyuwun pangan
Jroning ati nangis................sadawane dalan
O, kakang.........wigatekna
Dheweke uga umat...........
Padha karo kita











48.

Bocah cilik manis, kakang adhi
runtang-runtung nyang endi-endi
nyangkring angklung saka bumbung
mlebu lurung metu lurung

Bocah cilik manis kedhana-kedhini
Runtang-runtung mbarang saparan-paran
Ngupa boga nyambung panguripan sadulitan
Nambal sing lunga teka wira-wiri, nrenyuhi

Nembangi lagu-lagu, memelasi
Mbukak babad ngenesi ati
Koncatan bapa biyung dheweke tiinggal keri

Bocah cilik manis kedhana-kedhini
Runtang-runtung nyang endi-endi
Dina-dina uripe kaliput ayang-ayangane mega






























49.

Aku isih kelingan mring sliramu
Wong wadon cempluk kemayu
Pipi mlenuk lambe ndomble
Ya.......Yu Ginuk iku arane

Mbok adus-a yu..... karaben wangi
Mbok macak-a yu.... kaya den putri
Mbok mlaku-a yu..... kaya priyayi
Mbok lambemu ... yu.... lha kok medeni

Sanajan kowe elek kaya telenan
Ning atimu apik temenan
Jujur ora nate nerak aturan
Anggawe ketentreman bebrayan





























50.


Ati iki ora nyana yen akhire koe ninggalna aku
Lara iki gawe nangis ora ketahan
Perihe atiku
Tanpa ana tutur koe ninggalke aku
Nurahake lara nang atiku
Koe ora ngrasaake larane atiku
Ngrasaake ilange tresnamu

Wengi iki ora kaya wengi biyen pas koe karo aku
Wengi iki ora kaya biyen pas koe kangen aku
Wengi iki ora saendah wengi pas biyen sliramu
Tresna aku



























51.

Ping piro wae aku kudu nyatakake tresna
Suwine sepiro aku kudu ngenteni sliramu
Nang pucuking rasa aku mbeng tok mikir sliramu
Tapi sliramu isih tetep ngono
Ngecokake aku iku sifatmu

Mbeng lara sing koe kei
Terus gawe lara ati
Tresna iki gawe aku nahan rasa
Rasa kang suci

Aku ngenteni sliramu
Nampa tresna iki
Rasa tresna kang wis tak pendhem sui
Rasa tresna kang suci lan abadi
Kang tetep ana ageng ing ati