Kamis, 19 Desember 2013

Esai "Pesisir kang Kasingkir"



Pesisir kang Kasingkir
Kabudayan pesisiran, kang dianggep nganggo cara kang ora alus lan ora ketata bab basa lan laku, tansah diremehake. Iku uga amarga kabudayan pesisiran ora kasil saka keraton utawa papan kang luwih elit. Kabudayan pesisiran nyatane isih dadi reh-rehane kabudayan Jawa.
Saka papane, kabudayan pesisir mawujud saka bebrayan kang mapan sadawane pesisir segara. Mula saka iku, karakter sing kasil saka papan sing sacara geografis mapan ana pesisir iku dianggep keras, saka apa sing dingendikaake lan apa sing dadi laku saben dinane.
Mula saka iku, watak wong pesisir sok diarani ora alus, yen dibiji saka sanjabane kabudayan pesisir. Yen pancen wong Jawa dimangerteni kudu nganggo tembung lan cara “kebak ing semu” sajrone pasrawungan, pesisir kaya-kaya wis ora jumbuh lan slewah saka adat-kabudayan sing kudune diugemi.
Nanging sing kaya mangkono nyatane ora bisa kabeh dibenerake. Sajrone sarasehan Selasa Legen kaping 47 ing Universitas Negeri Semarang (Unnes), Dr Suyanto SKar MA, Pembantu Rektor I Institut Seni Indonesia Surakarta paring bantahan ngenani atur sing kaya mangkono mau. Miturut piyambake, kabudayan pesisir malah dadi pathokan kabudayan liya, awit saka lugu lan asline.
Kabudayan pesisir, miturut Suyanto, ora bisa uwal saka watak keras lan tegas. Kabeh diandharake kanthi gamblang tanpa aling-aling. Sing kaya mangkono, nyatane ora ditemoni ana perangan liya kabudayan Jawa, kaya kabudayan kang kasil saka keraton.
Semono uga, nganti seprene pasinaon lan kabeh sing diteliti mlayu ana keraton, istana sentris. Banjur, bebrayan nduweni pamanggih yen kabudayan sing kasil saka papan kono dianggep paling mapan, adiluhung, dhuwur derajade. Sanjabane keraton, dianggep ora patut kanggo patuladhan utawa sing kudu ditindakake.
Suyanto uga ngendika, kabudayan pesisiran sejatine luwih “realis” tinimbang liyane. Amarga pancen wujude isih asli lan ora kecampur karo kabudayan liya. Malahan akeh kabudayan saka pesisir Jawa sing didhaku karo kelompok bebrayan liya. Iku amarga sing ngasta pusarane praja nalika iku nduweni kepentingan politis. Kabeh sing kira-kira ora jumbuh karo sing dikarepake, isa diganti, diimbuhi, lan pungkasane didhaku dadi duweke.
Babagan Pakeliran
Perkara sing ora beda uga kedadeyan ana ing salah siji perangan kabudayan Jawa, yaiku pakeliran. Dhalang saka Rembang, Ki Sigid Ariyanto ngendika, kesenian pakeliran pesisiran wis ora ana wiwit tahun 1965. Musababe, ora ana liya, pemimpin wektu semono kang nduweni kepentingan politis.
Miturut Ki Sigid, wektu semono, para dhalang sing gesang ing pesisir dianggep ora maju yen ora nganggo cara Surakarta. Pamawas sing kaya mangkono ndadekake dhalang-dhalang padha ora kersa maneh ngasta wayang nganggo carane dhewe, gagrag pesisiran. Sing isih ngugemi banjur ora payu ditanggap, ora bisa urip saka kesenian.
Sajrone sarasehan iku, Ki Sigid nyuba ndhudhah maneh pakeliran cara pesisiran Lasem. Pancen dheweke ngakoni yen ora duwe sumber kang cukup kanggo bisa nyuguhake pakeliran iku. Nanging, lakon “Prabu Badhog Basu” sing disuguhake ing sarasehan iku, miturute bisa dadi wiwitan anggone tansah ngupaya supaya pakeliran pesisiran tansah ngrembaka.
Ing perkembangane, dhalang sing nduweni prestasi minangka penyaji lan panyanggit paling apik ing Festival Wayang Indonesia 2008 ing Yogyakarta iku uga ngendika, ora mung bakal nglakokake maneh apa sing wis tau ana. Nanging, saisa-isane bakal nut lakuning jaman lan garap pakeliran. Iku supaya lakon-lakon pakeliran tansah ditresnani lan dadi kawigatene bebrayan Jawa.
Kajaba saka iku, pakeliran pesisiran uga kudu tansah didhudhah maneh, wiwit saka wayang, sumber crita, nganti garap iringane. Ora mung kanggo nguripke maneh, nanging minangka salah siji perangan kabudayan kang penting, pakeliran cara pesisir mujudake bebrayan sing mapan ana kono uga bisa ngasilake kesenian kang ora kalah endah lan adiluhung.
Luwih Teges
Ngenani pakeliran cara pesisiran, Suyanto nduweni pamawas maneh. Yen dideleng saka wujude, wayang khas Lasem nduweni ukurane luwih cilik tinimbang gagrag Surakarta, Yogya, utawa Banyumas. Saliyane iku, tatahane uga luwih amba lan warnane luwih cetha, kayata ijo, kuning, lan biru. Iku, miturut Suyanto, mratelakake yen kabudayan pesisiran teges lan gamblang.
Ki Sigid nyarujuki yen biyene kabudayan pesisiran kerep ditumpangi karo perkara politis. Karana panguwasa sing kaya mangkono pancen sok julig, bisa ngowahi sujarah lan apa wae sing kira-kira ora menehi paedah tumrap kuwasane.
Ing garap pakeliran, jan-jane Lasem wis nduweni gagrag dhewe. Kabukti sajrone pakeliran, sing uga digunakake ana gagrag liya, ana pathet lasem, ayak-ayak, srepeg, lan sampak lasem. Nanging karana apa, gagrag Lasem bisa ilang, ora ana sing mangerteni, lan sithik sumbere? Perkara iku, mbokmenawa pancen kudu dijlentrehake luwih gamblang miturut pamawas ilmu antropologi, sosiologi, lan sujarah.
Pancen, yen dideleng saka papan panggonane, pesisir mapan sadawane segara. Saka iku, bebrayan kang mapan ana kono nduweni kabudayane dhewe kang ora bisa dipadhakke karo liyane. Tegese, kabudayan pesisiran uga perangan kang penting tumrap kabudayan Jawa. Ora beda kaya “gagrag” kabudayan liyane. Tetep linuwih, ora kalah adiluhung. (Suara Merdeka, 17/11/2013)
Dhoni Zustiyantoro

Rabu, 18 Desember 2013

Bawang Abang & Bawang Putih



Bawang Abang & Bawang Putih

Ceritra saka Jawa Tengah

Jaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.


Ing desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan. Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.

Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan liane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake dewek.

Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita karo beyung tirine.
"Dasar crobo!" bentak beyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui! lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"

Bawag Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih takon :"Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko."
"Iya cah ayu aku weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu," wangsale paman.
"inggih paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali.
Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kui lan totok lawang.
"Kulonuwun...!salam Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang.
"Sapa koe nduk?" takon mbah kui.
"Kulo Bawang Putih mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang putih.
"Ulih nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?" takon mbahe.
"Nggih mbah, Nopo mbahe priksa?" takon Bawang Putih.
"Iya. Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kui," si mbah ngomong.
"Ya aku pan mbelekna klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe.
"nggih mbah, kulo bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo," jawab Bawang Putih kalih mesem.

Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih.
"Nduk, wis seminggu koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe. awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.

Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.

NGrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih.
"Bilih Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.

Gutul omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane. Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui walesan kanggo wong sing serakah.




Timun Mas



Ceritra Saka Jawa Tengah
Timun Mas

Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.
"Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.

Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.

Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.

Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.

Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur Timun Mas gagean mlayu.

Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.

Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.

Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.

Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.

Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa keweden maneh.

ARTIKEL BUDI PEKERTI BAHASA JAWA



Uri-Uri Kabudayan Jawi
Ing zaman sakmenika kathah tiyang utawimasyarakat Indonesia khususipun daerah Jawa Tengah sakleresipun kathah ingkang saged basa jawi ananging dipersani langkung celak malih sakleresipun sekedig sanget tiyang ingkang pinter berbahasa Jawi ingkang leres lan lancar. Tiyang ingkang kepengin lesantonaken budayanipun mesti saged kedah nyinaoni bahasanipun langkung rumiyin. Sedaya wau boten lepas saking kita piyambak dados generasi saklajengipun ingkang kedah saged ngerasakakenipun sedaya jerih payah pendahuluipun kaliyan mbeta kabudayaan Jawi dados di mangertosipun ten punsi-pundi lan sakmenika gemblengna tekad ipun saha gayohen cita-cita menika kanthi ngangkat ngangkat dhuwur kabudayaanipun piyambak kemawon.
            Boten ngantos boten gadahi pangajeng-ngajeng ngangge bangsa ingkeng maju menawi basa kala wau saged jagi sejarahipun piyambak terutami basa jawi. Kabudayaan jawi saged kita terapaken wiwit alit kanthi lewat pendidikan ing saklebetipun keluarga utawi sekolahan ananging kedah dipun gatosaken saestu supadosboten klentu anggenipun maringaken bahan kados perkawis kabudayaan jawi kadosta basa jawi,gamelan,wayang,unggah-ungguh dumateng sinten kemawon lan sakliyanipun.
Watak saking tiyang jawi ingkang sanget kekhas ipun inggih punika ing grapyak,pasrawungan kaliyan kanca-kanca saha tiyang-tiyang kemawon.Ing saklebetipun wonten satunggal maneh yapunika ing sopan lan santun kejawi saking segi basanipun basa jawi saestu benten-benten ingkang migatos utamakaken moral saking segi kesopanan kados wonten tigang basa ing nyinaunipun basa jawi yapunika basa Jawi saking paling cendhek tekan dhuwur basa jawi Ngoko, Krama, Krama Inggil.
Sedayanipun boten uwal saking jerih payah tiyang rumiyin utawi nenek moyang kita sakmenika kathah saking kabudayaan-kabudayaan jawi niku ingkang badhe punah utawi ical kerantenaken generasi saklajengipun kathah ingkang ninggalaken saha nyupe’kaken niku sedaya.
Tiyang-tiyang ing daerah Ngayogyakarta badhe sadar lan damel utawi dandani malih saking lekasan kanthi madosi saha ngawontenaken pameran –pameran ingkang mengku bab Kabudayaan Jawi saha ugi ingkang damel museum kang dipun khususaken kangge uri-uri utawi nglestarikaken kabudayaan jawi. Awit saking usahanipun niku sedaya kathah bab-bab ingkang sae saha kita pendet manfaatipun kadosta saged maringaken pendidikan utawi pangertosan bab kabudayaan jawi dumateng sedaya tiyang kalebet generasi saklajengipun supados ngertos saha saged ngginakaken saha maringi kemajengan kagem kita sedaya wontening satunggal ing wekdal punika sakmangke ing Era Global sakmenika kathah sanget perkawis-perkawis enggal mlebet wonten Indonesia kalebet ing daerah Ngayogyakarta niku sedaya maringi kathah perkawis-perkawis ananging awit usaha ingkang kita lampahi kathi jagi kabudayaan jawi sahingga saged bertahan saking pengaruhipun kabudayaan asing. Kabudayan Jawi supados saged bertahan kedah kita junjung saha kita hargai kangge ningkataken moral utawi dampak-dampak ipun ingkang saged kita tiru saking kabudayaan jawi sakmenika kemawon.