Pesisir kang Kasingkir
Kabudayan
pesisiran, kang dianggep nganggo cara kang ora alus lan ora ketata bab basa lan
laku, tansah diremehake. Iku uga amarga kabudayan pesisiran ora kasil saka
keraton utawa papan kang luwih elit. Kabudayan pesisiran nyatane isih dadi
reh-rehane kabudayan Jawa.
Saka papane,
kabudayan pesisir mawujud saka bebrayan kang mapan sadawane pesisir segara.
Mula saka iku, karakter sing kasil saka papan sing sacara geografis mapan ana
pesisir iku dianggep keras, saka apa sing dingendikaake lan apa sing dadi laku
saben dinane.
Mula saka
iku, watak wong pesisir sok diarani ora alus, yen dibiji saka sanjabane
kabudayan pesisir. Yen pancen wong Jawa dimangerteni kudu nganggo tembung lan
cara “kebak ing semu” sajrone pasrawungan, pesisir kaya-kaya wis ora jumbuh lan
slewah saka adat-kabudayan sing kudune diugemi.
Nanging sing
kaya mangkono nyatane ora bisa kabeh dibenerake. Sajrone sarasehan Selasa Legen
kaping 47 ing Universitas Negeri Semarang (Unnes), Dr Suyanto SKar MA, Pembantu
Rektor I Institut Seni Indonesia Surakarta paring bantahan ngenani atur sing
kaya mangkono mau. Miturut piyambake, kabudayan pesisir malah dadi pathokan
kabudayan liya, awit saka lugu lan asline.
Kabudayan
pesisir, miturut Suyanto, ora bisa uwal saka watak keras lan tegas. Kabeh
diandharake kanthi gamblang tanpa aling-aling. Sing kaya mangkono, nyatane ora
ditemoni ana perangan liya kabudayan Jawa, kaya kabudayan kang kasil saka
keraton.
Semono uga,
nganti seprene pasinaon lan kabeh sing diteliti mlayu ana keraton, istana
sentris. Banjur, bebrayan nduweni pamanggih yen kabudayan sing kasil saka papan
kono dianggep paling mapan, adiluhung, dhuwur derajade. Sanjabane keraton,
dianggep ora patut kanggo patuladhan utawa sing kudu ditindakake.
Suyanto uga
ngendika, kabudayan pesisiran sejatine luwih “realis” tinimbang liyane. Amarga
pancen wujude isih asli lan ora kecampur karo kabudayan liya. Malahan akeh
kabudayan saka pesisir Jawa sing didhaku karo kelompok bebrayan liya. Iku
amarga sing ngasta pusarane praja nalika iku nduweni kepentingan politis. Kabeh
sing kira-kira ora jumbuh karo sing dikarepake, isa diganti, diimbuhi, lan
pungkasane didhaku dadi duweke.
Babagan
Pakeliran
Perkara sing
ora beda uga kedadeyan ana ing salah siji perangan kabudayan Jawa, yaiku
pakeliran. Dhalang saka Rembang, Ki Sigid Ariyanto ngendika, kesenian pakeliran
pesisiran wis ora ana wiwit tahun 1965. Musababe, ora ana liya, pemimpin wektu
semono kang nduweni kepentingan politis.
Miturut Ki
Sigid, wektu semono, para dhalang sing gesang ing pesisir dianggep ora maju yen
ora nganggo cara Surakarta. Pamawas sing kaya mangkono ndadekake
dhalang-dhalang padha ora kersa maneh ngasta wayang nganggo carane dhewe,
gagrag pesisiran. Sing isih ngugemi banjur ora payu ditanggap, ora bisa urip
saka kesenian.
Sajrone
sarasehan iku, Ki Sigid nyuba ndhudhah maneh pakeliran cara pesisiran Lasem.
Pancen dheweke ngakoni yen ora duwe sumber kang cukup kanggo bisa nyuguhake
pakeliran iku. Nanging, lakon “Prabu Badhog Basu” sing disuguhake ing sarasehan
iku, miturute bisa dadi wiwitan anggone tansah ngupaya supaya pakeliran
pesisiran tansah ngrembaka.
Ing
perkembangane, dhalang sing nduweni prestasi minangka penyaji lan panyanggit
paling apik ing Festival Wayang Indonesia 2008 ing Yogyakarta iku uga ngendika,
ora mung bakal nglakokake maneh apa sing wis tau ana. Nanging, saisa-isane
bakal nut lakuning jaman lan garap pakeliran. Iku supaya lakon-lakon pakeliran
tansah ditresnani lan dadi kawigatene bebrayan Jawa.
Kajaba saka
iku, pakeliran pesisiran uga kudu tansah didhudhah maneh, wiwit saka wayang,
sumber crita, nganti garap iringane. Ora mung kanggo nguripke maneh, nanging
minangka salah siji perangan kabudayan kang penting, pakeliran cara pesisir
mujudake bebrayan sing mapan ana kono uga bisa ngasilake kesenian kang ora kalah
endah lan adiluhung.
Luwih Teges
Ngenani
pakeliran cara pesisiran, Suyanto nduweni pamawas maneh. Yen dideleng saka
wujude, wayang khas Lasem nduweni ukurane luwih cilik tinimbang gagrag
Surakarta, Yogya, utawa Banyumas. Saliyane iku, tatahane uga luwih amba lan
warnane luwih cetha, kayata ijo, kuning, lan biru. Iku, miturut Suyanto,
mratelakake yen kabudayan pesisiran teges lan gamblang.
Ki Sigid
nyarujuki yen biyene kabudayan pesisiran kerep ditumpangi karo perkara politis.
Karana panguwasa sing kaya mangkono pancen sok julig, bisa ngowahi sujarah lan
apa wae sing kira-kira ora menehi paedah tumrap kuwasane.
Ing garap
pakeliran, jan-jane Lasem wis nduweni gagrag dhewe. Kabukti sajrone pakeliran,
sing uga digunakake ana gagrag liya, ana pathet lasem, ayak-ayak, srepeg, lan
sampak lasem. Nanging karana apa, gagrag Lasem bisa ilang, ora ana sing
mangerteni, lan sithik sumbere? Perkara iku, mbokmenawa pancen kudu
dijlentrehake luwih gamblang miturut pamawas ilmu antropologi, sosiologi, lan
sujarah.
Pancen, yen
dideleng saka papan panggonane, pesisir mapan sadawane segara. Saka iku,
bebrayan kang mapan ana kono nduweni kabudayane dhewe kang ora bisa dipadhakke
karo liyane. Tegese, kabudayan pesisiran uga perangan kang penting tumrap
kabudayan Jawa. Ora beda kaya “gagrag” kabudayan liyane. Tetep linuwih, ora
kalah adiluhung. (Suara Merdeka, 17/11/2013)
Dhoni
Zustiyantoro
Tidak ada komentar:
Posting Komentar