Kamis, 19 Desember 2013

Esai "Pesisir kang Kasingkir"



Pesisir kang Kasingkir
Kabudayan pesisiran, kang dianggep nganggo cara kang ora alus lan ora ketata bab basa lan laku, tansah diremehake. Iku uga amarga kabudayan pesisiran ora kasil saka keraton utawa papan kang luwih elit. Kabudayan pesisiran nyatane isih dadi reh-rehane kabudayan Jawa.
Saka papane, kabudayan pesisir mawujud saka bebrayan kang mapan sadawane pesisir segara. Mula saka iku, karakter sing kasil saka papan sing sacara geografis mapan ana pesisir iku dianggep keras, saka apa sing dingendikaake lan apa sing dadi laku saben dinane.
Mula saka iku, watak wong pesisir sok diarani ora alus, yen dibiji saka sanjabane kabudayan pesisir. Yen pancen wong Jawa dimangerteni kudu nganggo tembung lan cara “kebak ing semu” sajrone pasrawungan, pesisir kaya-kaya wis ora jumbuh lan slewah saka adat-kabudayan sing kudune diugemi.
Nanging sing kaya mangkono nyatane ora bisa kabeh dibenerake. Sajrone sarasehan Selasa Legen kaping 47 ing Universitas Negeri Semarang (Unnes), Dr Suyanto SKar MA, Pembantu Rektor I Institut Seni Indonesia Surakarta paring bantahan ngenani atur sing kaya mangkono mau. Miturut piyambake, kabudayan pesisir malah dadi pathokan kabudayan liya, awit saka lugu lan asline.
Kabudayan pesisir, miturut Suyanto, ora bisa uwal saka watak keras lan tegas. Kabeh diandharake kanthi gamblang tanpa aling-aling. Sing kaya mangkono, nyatane ora ditemoni ana perangan liya kabudayan Jawa, kaya kabudayan kang kasil saka keraton.
Semono uga, nganti seprene pasinaon lan kabeh sing diteliti mlayu ana keraton, istana sentris. Banjur, bebrayan nduweni pamanggih yen kabudayan sing kasil saka papan kono dianggep paling mapan, adiluhung, dhuwur derajade. Sanjabane keraton, dianggep ora patut kanggo patuladhan utawa sing kudu ditindakake.
Suyanto uga ngendika, kabudayan pesisiran sejatine luwih “realis” tinimbang liyane. Amarga pancen wujude isih asli lan ora kecampur karo kabudayan liya. Malahan akeh kabudayan saka pesisir Jawa sing didhaku karo kelompok bebrayan liya. Iku amarga sing ngasta pusarane praja nalika iku nduweni kepentingan politis. Kabeh sing kira-kira ora jumbuh karo sing dikarepake, isa diganti, diimbuhi, lan pungkasane didhaku dadi duweke.
Babagan Pakeliran
Perkara sing ora beda uga kedadeyan ana ing salah siji perangan kabudayan Jawa, yaiku pakeliran. Dhalang saka Rembang, Ki Sigid Ariyanto ngendika, kesenian pakeliran pesisiran wis ora ana wiwit tahun 1965. Musababe, ora ana liya, pemimpin wektu semono kang nduweni kepentingan politis.
Miturut Ki Sigid, wektu semono, para dhalang sing gesang ing pesisir dianggep ora maju yen ora nganggo cara Surakarta. Pamawas sing kaya mangkono ndadekake dhalang-dhalang padha ora kersa maneh ngasta wayang nganggo carane dhewe, gagrag pesisiran. Sing isih ngugemi banjur ora payu ditanggap, ora bisa urip saka kesenian.
Sajrone sarasehan iku, Ki Sigid nyuba ndhudhah maneh pakeliran cara pesisiran Lasem. Pancen dheweke ngakoni yen ora duwe sumber kang cukup kanggo bisa nyuguhake pakeliran iku. Nanging, lakon “Prabu Badhog Basu” sing disuguhake ing sarasehan iku, miturute bisa dadi wiwitan anggone tansah ngupaya supaya pakeliran pesisiran tansah ngrembaka.
Ing perkembangane, dhalang sing nduweni prestasi minangka penyaji lan panyanggit paling apik ing Festival Wayang Indonesia 2008 ing Yogyakarta iku uga ngendika, ora mung bakal nglakokake maneh apa sing wis tau ana. Nanging, saisa-isane bakal nut lakuning jaman lan garap pakeliran. Iku supaya lakon-lakon pakeliran tansah ditresnani lan dadi kawigatene bebrayan Jawa.
Kajaba saka iku, pakeliran pesisiran uga kudu tansah didhudhah maneh, wiwit saka wayang, sumber crita, nganti garap iringane. Ora mung kanggo nguripke maneh, nanging minangka salah siji perangan kabudayan kang penting, pakeliran cara pesisir mujudake bebrayan sing mapan ana kono uga bisa ngasilake kesenian kang ora kalah endah lan adiluhung.
Luwih Teges
Ngenani pakeliran cara pesisiran, Suyanto nduweni pamawas maneh. Yen dideleng saka wujude, wayang khas Lasem nduweni ukurane luwih cilik tinimbang gagrag Surakarta, Yogya, utawa Banyumas. Saliyane iku, tatahane uga luwih amba lan warnane luwih cetha, kayata ijo, kuning, lan biru. Iku, miturut Suyanto, mratelakake yen kabudayan pesisiran teges lan gamblang.
Ki Sigid nyarujuki yen biyene kabudayan pesisiran kerep ditumpangi karo perkara politis. Karana panguwasa sing kaya mangkono pancen sok julig, bisa ngowahi sujarah lan apa wae sing kira-kira ora menehi paedah tumrap kuwasane.
Ing garap pakeliran, jan-jane Lasem wis nduweni gagrag dhewe. Kabukti sajrone pakeliran, sing uga digunakake ana gagrag liya, ana pathet lasem, ayak-ayak, srepeg, lan sampak lasem. Nanging karana apa, gagrag Lasem bisa ilang, ora ana sing mangerteni, lan sithik sumbere? Perkara iku, mbokmenawa pancen kudu dijlentrehake luwih gamblang miturut pamawas ilmu antropologi, sosiologi, lan sujarah.
Pancen, yen dideleng saka papan panggonane, pesisir mapan sadawane segara. Saka iku, bebrayan kang mapan ana kono nduweni kabudayane dhewe kang ora bisa dipadhakke karo liyane. Tegese, kabudayan pesisiran uga perangan kang penting tumrap kabudayan Jawa. Ora beda kaya “gagrag” kabudayan liyane. Tetep linuwih, ora kalah adiluhung. (Suara Merdeka, 17/11/2013)
Dhoni Zustiyantoro

Tidak ada komentar:

Posting Komentar