MATERI KELAS 5 SD, BAHASA JAWA
BAB 1
PURWAKA
Basa Jawi
wonten era globalisasi perkembanganipun sampun pesat. Basa Jawi dipunginakaken
dening sedaya lapisan masyarakat,dening tiyang nem, sesepuh, pemudha-pemudhi,
uga lare-lare alit. Sedaya punika kedah mangertos kepripun cara ngginakaken,
ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan karma inggil. Kepripun bahasa tiyang nem
kaliyan tiyang sepuh, lare kaliyan tiyang sepuhipun, lare kaliyan lare kedah
leres lan mangertos konteksipun.
Wonten
pendidikan basa khususipun ing SD kelas 5, kedahipun sedaya siswa sampun saged
ngginakaken konteks basa kanthi leres, saged nyerat aksara jawi, nyekar salah
satunggaling tembang macapat lan tembang dolanan. Kangge mbiyantu pendidikan
basa jawi siswa kelas 5 SD, maos, micara, nyerat, nyemak kanthi leres, ugi
siswa saged ngapresiasikaken sastra jawi kanthi lancar lan leres dipunsusun
makalah punika wonten sakjabaning tugas mata kuliah bahasa jawi ingkang
dipunasta dening Bu Sri Sukasih.
Tujuan
panyeratan makalah punika supados siswa saged nampi piwulang kanthi tepat,
materinipun (maos, micara, nyerat, nyemak) lan ngginakaken basa Jawi kanthhi
trep. Siswa ugi saged ngapresiasikaken sastra Jawi kanthi lancar lan leres
saenggo indikator lan kompetensi dhasaripun saged dipunkuaos saenggo siswa
saged njangkepi 3 aspek inggih punika afektif, kognitif lan psikomotor.
Ingkang
dados permasalahan wonten makalah inggih punika’’Materi pundi kemawon ingkang
sampun cocok kanggo siswa kelas 5 SD ?’’
BAB II
SURASA
- MICARA (GUNEMAN)
Kompetensi
Dasar : Mraktekaken drama cekak lan peranganipun drama ingkang trep kaliyan
lare
Indikator:
- 1. Ngucapaken pacelathon ngantos jelas lan lancar
- 2. Nyimpulaken watak tokoh
- 3. Mraktekaken tokoh trep kaliyan watakipun
Tuladha :
Nalika bocah
lagi bubar ngaso ana salah sijining bocah sing bengak-bengok.
Adi
:’’He, karepe piye iki? kelas wis disapu ko diregeti maneh?’’
Ani
:’’Di, aku ora ngreti, kowe aja ngarani aku!’’
Adi
:’’Aku ora ngarani kowe, aku mung kepengin weruh sapa sing
ngregeti.’’
Ani
:’’Lha ngapa ta, ndadak pengin weruh? koksapu maneh rak wis
bar!’’
Adi
:’’Enake! Aku ki piket dina iki. Mengko yen bu Guru pirsa sapa
sing
didukani?’’
(Dumadaken
Bu Guru rawuh)
Bu
Guru:’’Ana apa ta? kok seru-serunan olehe ngomong?’’
Ani
:’’punika lho Bu, Adi nesu amargi kelasipun dipunregeti malih.
Kamangka Adi
piketipun.’’
Bu
Guru;’’Bocah-bocah, wis bola-bali Bu Guru ngendika, yen mbuwang
regedan ing
papanne.Ngene iki rak ya ngrekasakake sing
piket.Nah,
saiki kabeh ndungkluk, sing weruh regedan
banjur
age-age njupuk regedan kuwi lan buwang ing
papanne.’’
Adi
:’’Maturkesuwun Bu, kula mboten perlu piket malih.’’
Bu guru:’’Ya
wis, saiki diterusake pelajarane.’’
Saking
pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang
langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa
ngoko.
- MAOS
Kompetensi
Dasar : Maos kanthi paham
Indikator:
- 1. Mangsuli pitakonan wacan
- 2. Nyimpulaken surasa wacan
- 3. Nyariosaken maneh surasa wacan
Tuladha :
Antasena
Takon Bapak
Raden
Antasena wiwit cilik mapan ing Gisik Narmada.Bebarengan karo Dewi Urang Ayu,
ibune lan Hyang mintuna, eyange. Sanajan mapan ing papan kang swasanane tentrem
ing sungapane tempuran Bengawan Gangga lan Serayu sarta Ibu lan Eyange sabar
nggulawentah, isih ana rasa sing ngganjel.Raden Antasena kepengin weruh lan
ketemu bapake.
‘’Antasena
dedeg-piadegmu dhuwur, gagah prakoso, duwe kuku pancanaka, sliramu ora beda
karo bapakmu, ya Raden Werkudara,’’ Ngendikane Ibune.
‘’Sakpunika
Rama Werkudara wonten pundi bu?’’ pitakone Antasena ngangseg.
‘’raden
Werkudara iku satriya Pandhawa kasatriyane Jodhipathi.yen sira pengin ketemu
kudu enggal mrana.’’
Antasena
banjur nyuwun pamit arep nggoleki bapakke, ora lali Dewi Urang Ayu maringi cupu
Madusena kang bisa nambani tatu lan nguripake wong sing mati.
Nalika
semana Prabu Gangga Trimuka raja Negara Dhasar Samodra kasil mikut pandhawa lan
arep kanggo tumbal negarane. Pandhawa dilebokake ing konggedah (wewangunan saka
kaca) saengga mati keplepeg. Kebeneran Antasena mlaku turut kali lan teka ana
Negara Dhasar samodra, bareng weruh wong lima iku mau ana jero kaca, dheweke
menehi petulungan.wong lima mau ditetesi banyu cupu Madusena mau lan urip
maneh.Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu tansah mamanuki lelakune Antasena, mula
bareng ketemu karo Pandhawa diterangake yen Antasena iku putrane Werkudara.
werkudara gelem nampa.
Samodra
banjur disat dening Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu.Bima lan Arjuna banjur
ngrabasa Negara dhasar Samodra. prabu Gangga Trimuka mati ing sakjroning
paprangan.
Katrangan
tembung:
Mikul
: nyekel (menangkap)
Sungapan : muara
Tumbal
: kurban
Ngrabasa : nyerang
Keplepeg
: ora bisa ambekan
Ngangseg
: ndheseg,nggesuk (mendesak)
- NYEMAK
Kompetensi
Dasar: mirengaken pesen langsung utawi ngagem telepon
Indikator:
- Nyatet isi pokok pesenipun
- Ngaturaken pesen ingkang dipuntampi kanthi langsung kaliyan mboten langsung ngagem basanipun piyambak
Tuladha :
Mirengake
pacelathon ngagem telepon wonten mandhap!
Pak
Rudi : ’’Halo!sugeng enjang.’’
Edi
: ’’Sugeng enjang’’
Pak
Rudi : ’’Punapa leres punika Pak Agus?’’
Edi
: ’’Oh sanes, kula putrane, punika sinten nggih?’’
Pak
rudi : ’’Pak Rudi,punapa saged
matur kaliyan Pak agus?’’
Edi
: ’’Nuwun sewu, Bapak dereng kondur, wonten kersa punapa
pak?’’
Pak
Rudi : ’’Ngeten Mas, kula pesen kemawon
mbenjang dinten senen
tanggal 7
Agustus jam sanga, bapak dipunaturi dhateng
Puskesmas
Kertasana saperlu nampi pengarahan
penyemprotan
nyamuk demam berdarah.’’
Edi
: ’’Senen nggih pak?’’
Pak
Rudi : ’’Inggih Mas, tulung aturaken marang
Bapak. Maturnuwun
Mas.’’
Edi
: ’’Inggih Pak, sami-sami.Mangke kula aturaken.’’
Saking
pacelathon wonten inggil, kita saged mangertos menawi pacelathon kaliyan tiyang
langkung sepuh ngagem basa karma lan kaliyan kanca sakpantaran ngagem basa
ngoko.
- NYERAT
Kompetensi
Dasar : Nyetrat kanthi leres
Indikator:
- Njangkepi karangan kang during rampung
- Nyusun cengkorongan karangan kang sampun wonten ing ragam tulis
- Nyerat aksara lan angka jawi kanthi leres
Tuladha :
Karangan
sing during rampung iki rampungna !
Kanugrahaning
Gusti sing paling gedhe yaiku…(1) Kanggo mujudake awak kang sehat bisa kanthi
cara njaga…(2) Karesikan iku bisa karesikaning (3)…(4)…,(5)…
Yen kahanan
kaya mengkono iku wis…(6) ora aneh yen kabeh…(7) bisa ngrajakake urip kang…(8)
Mula ayo padha ningkatake anggone njaga…(9) supaya…(10)
Gawekna
karangan kanthi cengkorongan ing ngisor iki !
Pak Sumina
susah. Kaluwargane pak Sumina lagi padha susah. Susahe ora amarga ora
bisa mangan.Nanging susahe amargi putrane ingkang aran Bayu lara wis
pirang-pirang dhina. Dipriksakke menyang dhokter jebul lara sing angel
ditambani. Pak Sumina saben dhina menggalih piye carane olehe tamba, mangka
dhuwit ora ana.
Aksara lan
Angka Jawa
a)
Aksara jawa
Ha
Na
Ca
Ra
Ka
Da
Ta
Sa
Wa
La
Pa
Dha
Ja
Ya
Nya
Ma
Ga
Ba
Tha
Nga
Aksara jawi
wonten nginggil dipunwastani aksara legana utawi aksara wudha during ngagem
sandhangan utawi pasangan.
Tuladha :
Padha Jaya =
Sandhangan:
- 1. Swara ‘’i’’ aranipun wulu ( )
- 2. Swara ‘’e’’ aranipun taling ( )
- 3. Swara ‘’O’’ aranipun talingtarung ( )
- 4. Swara ‘’U’’ aranipun suku ( )
- 5. Swara ’’e’’ aranipun pepet ( )
Ingkang
mboten pareng dipunpepet inggih punika aksara ‘’ra’’ lan ‘’la’’ amargi : ‘’ra’’
digantos ‘’pa ceret’’ : lan ‘’la’’digantos ‘’nga lelet’’ :
Tuladha :
Sapi
=
Coro =
Sate
=
Bubu =
Peso =
Sandangan
panyigeg utawi paten :
- 1. Layar ( ) munine ‘’r’’
- 2. Wignyan ( ) munine ‘’h’’
- 3. Cecak ( ) munine ‘’ng’’
- 4. Pangkon ( ) inggih punika sandhangan kanggo mateni aksara jawa nanging naming wonten pungkasan ukara utawi tembung.
Tuladha :
Pasar
=
Gawang =
Sawah
=
Manuk =
b)
Angka Jawa
1
=
6 =
2
=
7 =
3
=
8 =
4
=
9 =
5
=
0 =
Tuladha :
12
=
2007 =
356
=
8945 =
- APRESIASI SASTRA
Kompetensi
dasar : Ngapresiasiken susastra jawa, misalipun carito wayang,
naskah
drama, lan geguritan
Indikator
:
- Nyariosaken watak tokoh
- Nindakaken tokoh
- Nyariosaken malih surasaning wacan
- Saged nyekar jawi(macapat lan tembang dolanan
Tuladha :
Arjuna
wiwaha
Prabu
Niwatakawaca raja ing nagara Imarmantaka sowan menyang kahyangan saperlu
nglamar Dewi Supraba. Dewa ora marengake, wusana dadi pasulayan, para dewa
kalah. Gapura kahyangan banjur ditutup. Para wadya balane Prabu Niwatakawaca
kandheg ing sakjabaning gapura kahyangan.
Amarga ora
bisa ngalahake Prabu Niwatakawaca, Bathara Guru ya retune dewa golek satriya
sing bakal dijaluki tulung mateni Prabu Niwatakawaca. Pamilihing dewa tumuju
marang Raden Arjuna. Kala iku Raden Arjuna lagi tapa. Bathara Guru utusan
widadari 7 cacahe supaya nggodha tapane Arjuna. Panggodhane ora mandi. Widadari
mau banjur bali menyang kahyangan saperlu atur pelaporan.
Bathara Guru
banjur tumuju ing papan tapane raden Arjuna ing Gunung Indrakila, kanthi
memba dadi juru mbebedak aran keratarupa. Pranyata sing dumadi ing Indrakila
diweruhi Niwatakawaca banjur utusan raseksa kanga aran muka supaya memba dadi
celeng lan gawe kisruhe Indrakila. Celeng mau bisa dipateni. Matine celeng mau
ndadekake pasulayan antarane Arjuna lan Keratarupa. Loro-lorone padha ngaku yen
celeng mau sing mateni nganggo panahe. Nalika Keratarupa arep dibanting, banjur
malih wujud dadi Bathara Guru, Arjuna banjur nyembah. Ing kono Bathara guru
paring dhawuh supaya Arjuna gelem mateni Niwatakawaca lan Arjuna kaparingan
panah Pasopati.
Budhale
Arjuna menyang Imarmantaka dikancani Dewi Supraba. Ing kono Niwatakawaca bisa
kapanah Arjuna ngepasi ing pengapesane banjur mati. Arjuna bali marang
kahyangan lan kawiwaha dadi manten dhaup karo Dewi Supraba.
Nyekar Jawi
- Tembang Macapat,ana 11 inggih punika gambuh, pangkur, sinom, dandanggula, asmarandana, pocung, megatruh, mijil, kinanthi, maskumambang, durma ananging kang dipun wulangaken dening kelas 5 namung Maskumambang, Mijil, kinanthi lan Pocung.
Tuladha :
POCUNG
6
6
5
3
i
i
i
2
6 6
Ba-
pak pu
cung la-
ir-
e
ti-
ni- tah
5
3
i 2
6
3
2 1
bi-
su
la mun
ri-
na ket- an
1
2
1
3
.
2
1
2
1 6
Pi-
nar- su-
di
den te-
men- i
6
1
2
3
2
2 1
6
3 5
Mung
sa- ra-
na
pi- nan-
dang wruh ba- sa-
2
3
Ni-
ra
- Tembang dolanan wonten kathah, gundul-gundul pacul, tekate, suwe ora jamu lan sapanunggalane saged dipunpilih.
Tuladha :
TEKATE
Tekate
dipanah
Dipanah
ngisor gelagah
Ana manuk
onde-onde
Mbok sir
bombo
Mbok sir
kate
Mbok si…r
bombo…
Mbok si…r
ka….te…
BAB III
PANUTUP
Kesimpulan :
- 1. Minangka paring piwulang Basa Jawi wonten kelas 5 SD kita kedah mangertos gangsal (5) aspek inggih punika maos, nyerat, nyemak, micara lan apresiasi sastra kanthi leres uga kita kedah mangertos aspek-aspek piwulangan (afektif, kognitif, psikomotor).
- 2. Dados Guru kedah saged digugu lan ditiru supados kita gadhah kawibawan (cara lungguh, mlampah, lan micara) wonten manahipun siswa kang nampi piwulang.
- 3. Guru kedahipun saged ngolah kelas kanthi kondusif, mbungahaken, lan nepangaken sistim preventif, ampun nepangaken sistim represif.
DAFTAR PUSTAKA
- 1. Wibisana,Drs.2009.Pepak basa Jawi Anyar.Surakarta:Samodra Ilmu
- 2. Hermawan,Agus.2009. Semarang:PGSD FIP UNNES
- 3. Buku ‘’Seneng Basa Jawa’’ Desember2006 Semarang:ANEKA ILMU
Tidak ada komentar:
Posting Komentar