Selasa, 17 Desember 2013

KANGGO NYEGAH TUMINDAK DAKSIYA MARANG GARWA,SUAMI PERLU NDUWENI WAWASAN GENDER



Keri-keri iki asring kita prangguli pawarta ing laying kabar , sawijining suami dilaporake garwane amarga wis tumindak daksiya marang garwane. Anane Undang-Undang no 23 Tahun 2004 ngenani penghapusan kekerasan dalam rumah tangga pranyata durung kuwagang ngurangi anane tindak kekerasan sajrone rumah tangga. Isih akeh kasus-kasus kekerasan kang ditindakake pihak kakung (suami ) marang bojone, Bab iki amarga sosialisasi kang durung meluas,saengga Undang-undang kasebut durung padha dipahami dening masyarakat. Mesthine kanthi ananke Undang-Undang kasebut para suami kudu pikir-pikir dhisik menawa arep nindakake kekerasan marang garwane, awit akeh ketentuan ing Undang-undang kasebut kang menehi perngayoman marang wanita.
Pengayoman
Kita wajib mangerteni menawa tujuan ananae Undang-Undang kasebut,yaiku kanggo nyegah sakabehing wujud tindak kekerasan sajrone rumah tangga; menehi pengayoman marang korban kekersan sajrone rumah tangga, nindak para pelaku kekerasan sajrone rumah tangga lan njaga wutuhing rumah tangga kang harmonis lan sejahtera. Tumindak kekerasan kang dilarang yaiku kekerasan fisik,psikis,seksual lan penelantaran rumah tangga.
Aja gampang
Aja gampang nindakakae kekerasan,awit korban bisa nglapurake marang pulisi ,kaya kang kasebut ing pasal 26 Undang-Undang kasebut. Kejaba iku, pidana kang bakal tumiba marang pelaku uga abot. Miturut pasal 44, pelaku bisa kena ancaman pidana kunjara lawase 5 taun utawa denda Rp 15.000.000,-.Malahan yen nganti korban nandhang lara utawa tatu abot, bisa dipidana nganti 10 taun utawa denda akeh-akehe Rp 30.000.000,-. Menawa nganti njalari pepati ukuman 15 taun kunjara utawa denda Rp 45.000.000,-.Dene menawa ora nuwuhake lelara utawa alangan kanggo nindakake jabatan uatawa pakaryan ,dipidana paling suwe 4 sasi utawa denda Rp 5000.000,-.. Sabanjure pasal 45 nyebutake menawa tumidak kekerasan kang asipat psikis ana sajrone rumah tangga dipidana paling suwe 3 taun utawa mbayar denda Rp 9.000.000,-. Menawa nuwuhake lelara dipidana 4 sasi utawa denda Rp 3.000.000,-.
Kekerasan seksual bisa dipidana paling suwe 12 taun utawa denda Rp 36.000.000,-. Ing pasal 47 disebutake, Saben wong kang meksa wong kang manggon ing omahe nindakake seasambungan seksual bisa dipidana kunjara paling cendhek 4 taun,lan paling suwe 15 taun utawa denda paling sethithik Rp 12.000.000,- lan palingf akeh Rp.300.000.000,- Ing pasal 48 disebutake, menawa tindak kekerasan seksual kasebut njalari tatu kang abot marang korban lan ora bisa diusadani, utawa njalari gangguan pikiran utawa kejiwaan nganti 4 minggu terus-terusan utawa sajrone setahun nanging ora terus-terusan;gugure utawa matine janin kang ana kandhutan;utawa njalari alat reproduksi ora bisa berfungsi ,dipidana kunjara paling cendhek 5 taun lan paling suwe 20 taun utawa denda paling sethithik Rp 25.000.000,-lan paling akeh Rp 500.000.000,-. Tumindak gawe wong liya sajrone rumah tangga dadi terlantar (kapiran ) bisa dipidana kunjara paling suwe 3 taun lan denda paling akeh Rp 15.000.000,-. Kamangka dheweke wis kaiket dening ukum utawa perjanjen bakal nguripi utawa ngopeni wong kasebut.
Ngilangi
Kanthi anane Undang-Undang kasebut, wis sakmesthine menawa tumindak kekerasan mligine marang wanita kudu diilangi. Sapa wae kudu nyadhari menawa kekerasan iku ora becik. Apa maneh paukumane uga abot yen dilapurake marang pihak kang kawogan yaiku kepolisian. Akibat kekerasan fisik utawa psikis marang korban cukup abot,ora mung tatu-gangguan kesehatan fisik,nanging uga traumatis tumrap korban. Menawa kedadean kasebut ditindakake suami istri , bakal njalari anak uga bakal niru pokale bapakne rikala diwasa. Dene yen anak wadon bakal sengit marang bapakne
Racake pihak kakung kang nindakake kekerasan iku motife werna-werna. Kahanan bawah sadhare pancen kepingin nindakake daksiya kanthi nganiaya umpamane ngantemi,amarga ana sawijing bab kang kudu nindakake kuwi,utawa niyat ngukum garwane. Kekerasan pancen bisa ngendhegake padudon, lan bisa nuwuhake rasa marem ,amarga bisa ngalihake rasa frustrasi kang timbul saka sajrone utawa sakjabane omah. Nanging ing tembe bisa nuwuhake rasa ora bahagia,rasa wedi, ora percaya, nyingkiri hubungan seksual, ilange harga diri kang bakal njalari ambruke rumah tangga. Pihak kakung uga wajib ngrungokake kanepsone pasangan minangka evaluasi dhiri.
Sensitif Gender
Kanggo nyegah anane tumindak daksiya kasebut, para suami perlu mbangun sesambungan kang sensitif gender karo psanganan. Sensitif gender tegese peka marang aspirasi,kebutuhan,beban lan kahanan pasangane. Uga ngedohi cara-cara kekerasan rikala berkomunikasi lan tindak-tanduk.
Ana unen-unen garwa iku sigaraning lan kanca kanggo mbat-mbatan. Mula kaum kakung utawa suami kudu bisa bage rasa karo garwane. Kabeh harapan lan hasrat bisa dilairake kanthi tinarbukaa marang istri. Iki minangka ganti saka tumindak main perintah utawa istri kudu manutan. Komunikasi uga ditingkatake. Menawa suami ora sEneng sawijining bab kang asale saka istri, becike terus dipratelakake menawa ora seneng. Aja mung diendhem wae. Arep nesu kena,nanging aja nganggo kekerasan .Lan aja nganti memuncak. Alternatif liyane yen arep nesu ,istirahat sawatara, Becike nindakake relaksasi. Aja pisan-pisan nesu rikala lagi nyetir mobil,migunakake minuman keras utawa narkoba. Suami kudu nduweni pikiran positif marang pasangane. . Pihak kakung uga wajib ngrungokake kanepsone pasangan minangka evaluasi dhiri. Rasa sErik utawa nesu uga muncul,amarga pihak kakung butarepan marang garwane. Butarepan iku kena wae,nanging aja kebangeten, apa maneh yen dikantheni pandakwa sing ora-ora marang garwa. Timbule kekerasan ,bisa uga amarga pihak kakung ngalami stress. Yen iki sing njalari, stres kasebut ora kena dienengaake wae,malah kudu bisa ngatasi stress. Ana becike nyinau kepriye nyegah lan nanggulangi stres. Banjur kepriye ngadhepi permasalahan sajrone pembayatan ? Yen ngadhepi prekara iki aja ngendhani,nanging kudu dimusyawarahake karo pasangan,kepriye ngudari reruwet kasebut.
Saka andharan kasebut bisa dijupukm dudutan , suami kang sensitif gender yaiku suami kang tinarbuka karo pasangane, kuwagang ngendhaleni kanepson, cemburu,stres lan sumadiya musyawarah sajrone ngadhepi ruwet rentenging rumah tangga karo pasangane. **** (Lukyastirin D )
Artikel ini dimuat di Panyebar Semangat.tahun 2005

sumber:


Tidak ada komentar:

Posting Komentar