Minggu, 15 Desember 2013

Nulis Wacan Narasi Budaya Jawa


Narasi yaiku karangan sing ngandharake lelakon utawa kedadean anut urutan wektu. Budaya Jawa iku sakabehing pangurupan manungsa Jawa, kalebu Tradisi nyadran. Ing ngisor iki tuladha karangan sing bentuke narasi.

BARIS MUBENG NGGAWA KARUK GIMBAL
Dina jum’at Paing 11 Maret 2005, warga Desa Kepung Wetan lan Kepung Kulon ngleksanakake bersih desa, nyadran ing sumur Duwi. Wiwit jan enem esuk wis akeh sing teka. Wengi sadurunge padha melekan karo manggang ayam kanggo slametan.
Lokasi Sumur Duwi iki jembare watara 50 meter persegi, mapan ning tengah sawah. Swasanane edhum dikebaki wit waringin. Nyadran ngene iki kita tindakake saben taun ing dina Jum’at Paing sasi Sura. Warga samene akehe teka manut krenteging ati tanpa ana sing meksa, kandhane sardi sartono, salah sijine pamong desa. Beya kanggo acara kasebut udakara Rp 2,5 yuta saka sumbangane warga, dhuwit kas desa, lan para donatur.
Manut sejarahe, Sumur Duwi lan Sumur Upas kuwi asil yusane Mbah Onggomerta, abdi kinasihe Sultan Agung saka Mataram. Sawise Sultan Agung seda lan diganti dening Amangkurat, warga Mataram tansah ketir-ketir jalaran raja anyar kuwi tumindak wengis lan ora bisa mbendung Walanda. Tinimbang teluk marang Walanda. Onggomerta dalah abdi setya liyane mencar ninggalake Mataram. Wusana Onggomerta tekan papan sing sisih arupa alas gung liwang-liwung. Njur babad alas, adeg pesanggarahan. Ing tembe papan kasebut sinebut Desa Kepung. Pasanggrahane wis ora sing nyisa, kari sumur iku.
Warga sing melu nyadran wajib nggawa panganan Karuk Gimbal lan Karuk Gringsing karemane Mbah Onggomerta. Karuk Gimbal yakuwi ketan dikum, nujr digangsa nganti kuning. Sawise didheplok lembut, diwenehi parutan klapa nuli dikepeli. Sing tanpa gula tanpa klapa, ora dikepeli senebut Karuk Gringsing. Padatan Karuk Gimbal diseleh ing sadhuwure Karuk Gringsing.
Puncaking acara, iki sing unik. Dipimpim Bu Kades, para ibu baris urut kacang lan alon-alon mubengi karo mbeksa manut iramaning gendhing. Tekan ngarepe para pesindhen sing lungguh ngadhep ember, baka siji ibu-ibu mau nyemplungake dhuwir sedhekah. Asile sedhekah kasebut kanggo dana kagiyatan nyadran taun ngarep.
Jaya Baya 31 / April 2005

sumber:



Tidak ada komentar:

Posting Komentar