Jumat, 06 Desember 2013

purwakanthi

Purwakanthi
Purwakanthi kadapuk saka tembung purwa kang ateges wiwitan/leksan, lan tembung kanthi ateges gandheng. Tembung  purwakanthi duwe teges unen-unen kang digandheng kanthi runtut. Purwakanthi kaperang ana 3, yaiku:
1. Purwakanthi Swara, yaiku unen-unen kang runtut swarane
Tuladha:
  • Susah bungah iku lumrah
  • Ana awan ana pangan
  • Gemi setiti ngati-ati
2. Purwakanthi Sastra, yaiku unen-unen kang runtut sastrane
Tuladha:
  • Sluman-slumun slamet
  • Sapa salah bakal seleh
  • Bobot bibit bebet
3. Purwakanthi Basa/Lumaksita, yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan dadi wiwitane gatra kapindho.
Tuladha:
  • Tepi wastra, wastra tumprap mustaka
  • kolik priya, priyagung anjani putra  
  • janur gunung, gunung geni lor Ngayogya
sumber: Modul bahasa jawa (Tatas Titis Tetes)SMA kelas XII

Tidak ada komentar:

Posting Komentar