Minggu, 15 Desember 2013

. Maca Cepet (Skimming)

Carane maca cepet ora mung angger rampung. Ukarane dietung saben menit bisa maca pirang tembung. Para pinter gawe dudutan urutan maca cepet (nanging sing diwaca basa Indonesia dudu basa Jawa) tumrap siswa mangkene.
· Siswa SD/SMP kudune 200 tembung saben menit.
· Siswa SMA kudune 250 tembung saben menit
· Mahasiswa kudune 325 tembung saben menit
· Pasca Sarjana kudune 400 tembung saben menit
Cobo yen basa Jawa kowe bisa pirang tembung saben menite ? Etungen kanthi rumus :
KM= J Katrangan : KM : Cepete Maca
WM J: Tembung sing kewaca
WM : Wektune sing dibutuhake maca

Ing ngisor iki cara-cara kanggo maca cepet :
1. Saben maca ora saben tembung, nanging sakelompok tembung.
2. Aja mbolan-mbaleni tembung utawa ukara sing wis diwaca
3. Aja kesuen mandheg sangarepe ukara
4. Ora digagas tembung-tembung kayata : ing, saka, marang, lan sapanunggalane
5. Tanpa ngetokake swara saka cangkem (lambene ora obah)
6. Ora gedhag-gedheg sirahe ngetutake dawane ukara
7. Pandelenge mripat ndhisiki tinimbang kedaling lambe
8. Tembung sing angel / basa manca ditinggal dhisik
9. Golekana kuncine tembung ing sajrining ukara

Kanggo ngukur sepira cepete maca, wacan iki nuli diwaca dietung wektune.
Kluwung
Tulisanipun: siberia; 26 June 2005
Kluwung iku miturut basane ndesoku. Nek basa Indonesiane jarene pelangi, nek pengen rada nyastra sithik bianglala. Wong londo nyebut rainbow. Miturut londo jepang: niji.Jarene embuh sopo, sing sering tak temoni nang buku, cerkak, tulisan utowo artikel, nang salah sijine ujung kluwung iku ono harta karune...opo iyo?..heheWis suwi aku ora weruh kluwung, masiyo saiki lagi mangsa rendeng. Aku wis tau weruh kluwung gedhe banget, amargo persis nang ngarep jendelo kamarku. Salah siji ujunge tibo nang gedung perkantoran ora adoh soko apartemenku. Lumayan suwe, sayang wektu semono durung duwe kamera digital. Dadi yo mung di pandengi thok...di simpen wae nang memori otak.Photo kluwung iki, aku nemoni ora sengojo pas lagi klinong-klinong nang pinggir laut Kinko Bay, Kagoshima. Aku lali kapan, ketoke wis setahun kepungkur.Nek weruh kluwung ngono, aku kelingan tembange Carpenters sing judule The Rainbow Connection.Why are there so many songs about rainbows?and what's on the other side.......
kosakataku nambah kikluwung = pelangi (sak durunge moco aku mikire berhubungan dengan rokok)klinong-klinong = mlaku-mlaku (bener ora ki?)Aku yo seneng carpenters, lagu-lagune jan ra ilang-ilang apike neng kupingku (boso jowone evergreen opo yo, embuh)

Lair soko wongtuwo sing asli Jowo, jelas ndadekke aku duwe gelar wong jowo juga. Tapi yo masiyo ngono ora moro2 aku dadi wong jowo sing ngerti budaya jowo lan duwe tindak-tanduk layake wong jowo. Mergo iku ditentokke soko opo sing tak pelajari teko lingkunganku. Aku jane ora lair ning panggonan sing budayane jowo. Lagi pirang taun kemudian keluargaku balik ning kampung halaman, ning kono aku digedhekke dadi wong jowo. Tapi sakjane ngono aku iki ora pati paham karo budaya jowo.
Ajang Gladhen

sumber:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar