Rabu, 11 Desember 2013

SKENARIO


1. Definisi
Skenario yaiku rantaman utawa ringkesan lakon sandiwara, drama, film, lan sinetron. Skenario utawa naskah iku kadadean saka babak-babak.
Saben babak, biasane dibagi perangan-perangan kang diarani adhegan, lan adhegan iku perangane babak kang diwatesi dening owah-owahane swasana, papan, lan gentine utawa tekane paraga liya.
Ing sajroning skenario ana istilah kang diarani pandom, yaiku perangane naskah kang nerangake kahanan/swasana, sipat lan tingkah lakune paraga, lan liya-liyane. Biasane, pandom iku ditulis ing antarane tandha kurung.
Menawa arep gawe skenario sing asale saka sawijine crita prosa, kita kudu ngowahi wujud crita saka prosa iku dadi dialog.
2. Tuladha Skenario
Tarno mlebu. Ambegane ngos-ngosan, kringete pating kleler,
Yani
:
Kowe saka ngendi, Tarno? Kok mlayu-mlayu lan ambeganmu ngos-ngosan.
Bambang
:
Iya, ana apa, No?
Tarno
:
Saka omahe Pak Bardi. (Isih karo ngos-ngosan)
Yani
:
Leren dhisik, lan ambegane ditata!
Bambang
:
Yan, jupukna banyu putih!
Tarno
:
(ngombe banyu putih kang dijupukake Yani)
Bambang
:
Wis, saiki critakna kadadeane kanthi alon-alon!
3. Pentas Drama
Pentas drama yaiku mraktekake utawa maragakake skenario/naskah nganggo piranti-piranti kang nyata. Drama meh padha karo film, bedane menawa ing sajroning pementasan drama ora bisa diendhek, yen ana kesalahan ing sajroning pentas iku, paraga kudu bisa gawe improvisasi dhewe. Nanging menawa ing film bisa diendhek, amarga proses gawe film iku nganggo kamera, yen ana sing salah bisa dibaleni shooting maneh. Drama uga bisa dipadhakake karo teater, mung bae teater iku cakupane luwih amba.
Yen arep mentasake sawijining drama, kudu nemtokake:
  1. Latar lan Panggung
Latar yaiku papan lan wektu. Papan lan wektu ing drama kudu cocok karo critane. Upamane crita Diponegoro, panggonane ana ing Jogjakarta (bisa neng jero omah utawa neng medhan gerilya), ing antarane taun 1825-1830.
Dene panggung yaiku papan kanggo pentas drama kang digawe kanthi nggambarake latar. Jenis panggung ana loro: (1) Panggung Realis, yaiku panggung nggunakake property kang nggambarake suasana padha karo ing crita skenarione. Ing panggung realis bisa digunakake backdrop, yaiku kain kang ana gambare kang bisa digulung utawa diunggah-udhunake lan mbentuk latar belakang panggung, lan (2) Panggung Abstrak, yaiku panggung nggunakake perlengkapan apa anane utawa simbolik.
  1. Alur
Alur yaiku lelakoning crita. Alur iki isine konflik antarane tokoh siji lan sijine, antara tokoh ala lan becik.
  1. Blocking
Blocking mujudake gerak lan pindhahe para paraga ing ndhuwur panggung. Gerak lan pindhahe paraga siji lan liyane kudu padha-padha bisa menehi panggonan, supaya menawa ditonton dening audien ora ana paraga sing ketutupan dening paraga liyane.

Pentas drama dening Teater Hampa Indonesia
  1. Tata Busana lan Make Up
Busana utawa kostum kang dienggo dicocokake karo paraga/pelakune. Upamane ana pelaku bocah sekolah, busanane ya kudu nganggo seragam sekolah komplit karo nggawa tas lan alat tulis. Menawa peran polisi, ya luwih becik nganggo seragam polisi. Nanging menawa ing drama komedi, busana iku ora kudu dicocokake karo paragane.
Make Up yaiku saperangkat alat kanggo ngubah penampilan wajah wong kang dadi paraga ing drama. Upamane ing naskah ana peran wong tuwa, nanging calon paragane ora ana sing tuwa, mula fungsi make up iku dienggo ndandani rai calon paraga iku supaya katon tuwa.
  1. Lampu (Lighting)
Lampu utawa lighting iku digunakake kanggo pementasan drama menawa dimainake ing wayah wengi. Werna lampu kang dienggo ing pementasan drama bisa akeh kayata: abang, kuning, biru, ijo, lan liya-liyane. Werna lampu iku saliyane kanggo penerangan lan nambah daya estetika uga kanggo nggambarake suasana crita. Padhang-petenge lampu bisa diatur nganggo alat setelan lampu dimmer.


Lampu kanggo pentas drama/teater
Dimmer
  1. Musik
Musik ing drama iku dumadi saka suara-suara kang diasilake saka alat musik modern utawa alat musik tradhisional/gamelan, kayata: gitar, biola, suling, gong, lan liya-liyane. Alat musik uga bisa digawe saka barang-barang apa anane, kayata: gelas, piring, botol, lan liya-liyane. Suara musik mesthine dicocokake karo suasana adhegan, menawa adhegane sedhih musike uga kudu sedhih. Menawa adhegane seneng ya musike kudu sing seneng.
  1. Perlengkapan/Property
Perlengkapan kang dienggo ing sajroning pementasan drama iku bisa komplit utawa bisa sak anane bae, dicocokake karo panggunge. Latar belakang/background bisa digawe nyata utawa simbolik. Perlengkapan kang biasa dienggo ing sajroning pentas drama kayata:
    1. Level, yaiku kothak kanggo ngadeg paraga kang dhuwure kira-kira 40 cm, lan ukuran ambane ora ditemtokake,
    2. Meja lan kursi, luwih becik kang digawe saka kayu lan bobote entheng menawa arep dipindhah ora merlokake wektu kang suwe,
    3. Kembang, biasane kang wis urip ing ngepot.
    4. Gambar-gambar saperlune,
    5. Topeng, lan liya-liyane.
  1. Personil
Personil ing sajroning pentas drama iku paling ora kudu ana:
    1. Sutradara, yaiku wong kang ngatur lakune drama wiwit saka latihan nganti pementasan. Sutradara uga kudu bisa milih personil-personil liyane,
    2. Tata Musik, yaiku wong kang mahir mainake musik kanggo suara latar (soundtrack) pementasan,
    3. Tata Lampu, yaiku wong kang tugase ngatur pencahayaan ing panggung,
    4. Tata Busana lan Make Up, yaiku wong kang nyiapake kostum kanggo paraga lan ndandani penampilan wajah paraga,
    5. Tata Panggung lan Property, yaiku wong kang tugase nyiapake panggung lan mindhah barang-barang kang ana ing ndhuwur panggung ing saben ganti adhegan,
    6. Pelaku utawa paraga,  yaiku ana gegayutane karo watak. Sing kudu diterangake nalika nemtokake pelaku yaiku: jeneng, umur, lanang utawa wadon, ciri fisik (kayata rambut, warna kulit, pawakan, lan sapiturute), kalungguhan utawa jabatan (raja, kawula, abdi, lan sapiturute). Sajroning milih paraga (casting), sutradara kudu bisa milih calon paraga supaya jumbuh karo paraga kang arep dilakoni, nanging ing drama komedi bisa kosok balene.
  1. Sinopsis
Sinopsis mujudake ringkesan skenario lan paraga, sarta kru sing mainake drama, biasane digawe kaya brosur/selebaran. Tujuan sinopsis iki kanggo narik kawigatene wong supaya nonton pementasan drama. Tuladha sinopsis kaya ing ngisor iki:






TEATER XI IPA SMANTANG
MéNTASAKé:
sang pemimpi
(Naskah: Andrea Hirata)
Ikal mujudake paraga alteregon penulis yaiku Andrea Hirata, dene Arai minangka sedulur adoh sing wis yatim piatu lan diarani simpai keramat amarga sawijining anggota kulawarga keri dhewe sing isih urip lan wusanane dadi sedulur angkat. Lan Jimbron, bocah kang uga wis yatim piatu kang nduweni obsesi karo kewan jaran, lan menawa guneman kerep gagap.
Bocah telu iku dadi kanca raket wiwit isih cilik nganti sekolah ing SMA Negeri Manggar, sekolah kang dibangun dhisik dhewe ing Belitung bagian wetan. Sadurunge mangkat sekolah, katelune nyambut gawe dadi kuli ing pelabuhan iwak.
Crita diwiwiti saka katelune kang nduweni rasa seneng lan ketagihan nonton film panas ing bioskop nganti sawijining dina konangan guru ngajine, dibacutake crita asmarane Arai lan Jimbron, perpisahan Jimbron karo Arai lan Ikal kang arep nerusake kuliah ing Jakarta, Arai lan Ikal mengkone uga pisah nanging janji arep ketemu maneh ing Negara Perancis. Urip mandhiri pisah saka wong tuwane kanthi donya kang sarwa pas-pasan kanggo urip, nanging tetep nduwe cita-cita gedhe. Cita-cita kang bisa disawang saka latar belakang panguripan dheweke, yaiku mung sawijining impen.
ayo nonton bareng2...!!!
SETU/MALEM MINGGU,
29 APRIL 2012
JAM 07:30 BENGI
ING:
LAPANGAN BASKET SMANTANG

PARAGA:
I k a l
(LAKSONO MARTADI)
Jimbron
(MA’RUF FIDARTO)
A r a i
(AHLIANDA RAHASTIAN)
Zakiah Nurmala binti Berahim
(LELYANA OKTAVIA)
Pak Mustar M Djai’din BA
(AKMAL SETIAWAN)
Pak Drs. Julian Ichsan Balia
(PADAKA AJI BASUNDORO)
TATA MUSIK:
CHRISTOPHER WOLTER
GREGORY HANS EDWIN
FEBRI CINTYA MAHARANI
TATA LAMPU/LIGHTING:
RAKA PRAYESA
ADI PRASETYO
TATA BUSANA lan MAKE UP:
RENJANA NUR IMANDA
HAFIZ IMAM MUSLIM
TATA PANGGUNG lan PROPERTY:
HARYANTO
SIDIQ SETIA AJI
M. MUYAMAMUN
SUTRADARA:
TIARA DEASYANTARI

 Sumber:
http://woyowoyoooooo.blogspot.com/p/tugas-sekolah.html
































Tidak ada komentar:

Posting Komentar